Kamis, 10 Juli 2014

BRODIN 69 PLESIRAN part II

Critane Brodin koma mergo kecelakaan pas numpak bis pariwisata jurusan Suroboyo - Jogja,,akhire dirawat nang I C U [ Intensive Care Unit ] Rumah Sakit Angel Waras.

#Cak Norris penumpang sing selamet pengen mbesuk Brodin nang Rmh Skt,,ketemu bojone Brodin sebut ae Yeyen.

Norris : Yo opo ning kabare bojone sampean ??? oo iyo iki onok oleh" buah buahan. ( salaman )

Yeyen : owalahhhh Cak sampean iku atek repot gowo oleh oleh buah buahan barang,biasane gur nganggur tangan tok!!!!
yo ngono iku sampean delok dewe mas Brodin koma gak iso lapo lapo??!!!

Norris : aku melu prihatin ning ndelok keadaan'e dulur lanang Brodin mangkane ta gawakno buah hahahaha

Yeyen : suwun cak yo sampean sih eling mbek mas Brodin,,untunge sampean iso slamet teko kecelakaan Cak,,betewe critane yo opo sampean iso selamet ngono iku???

Norris : critane ngene ning pas liwat jawa tengah jelalah bis sing kebak penumpang iku ban e pecah trus nabrak tebing gak suwe nyemplung jurang,,tapi sakdurunge iku penumpang wis podo ambyar golek selamet dewe dewe,,kari Brodin tok sing ketinggalan soale turu ae.

Yeyen : ooo ngono to cak pantesan mas Brodin tok sing dadi korban hiksss hikssss ( nangis )

#gak suwe akhire Brodin sadar teko koma wis onok sewulan,,mbek tolah tolehhh koyo kucing kleleken karet.

Norris : lahhh iku Brodin wis sadar ning ayo diparani.

Yeyen : alhamdulillah sampean wis sadar mas Brodin ( ngelus ngelus tangane )

Brodin : aku dimana??? aku siapa????? lhooo kamu siapa ya??? ( bingung )

Norris : jangkrikkk Bro awakmu lali ta??? awas tak antemi ngko???!!!! ( gegem tangan )

Brodin : hehehehe critane aku loro goblokkkk!!!!! dik wetengku luwe jaluk didulang gedang.

Yeyen : nyohhhh mas gedange iki sing gawakno Cak Norris lho ( ndulang Brodin.

Norris : mangan sing akeh ben ndang warasss Bro hahahaha

Yeyen : ooo iyo Mas Brodin aku pengen weruh opo o ??? pas kecelakaan iku gur sampean tok korbane?? Cak Norris mbek penumpang liyane podo selamet lho!!!????

Norris : yo ngono Bro awakmu koq gak selamet yo opo iku ??? padahal wis tak bengoki ayo mlumpat??? metu teko Bis???!!!!
,
,
,
,
,
,
,
,
,
,
,
,
,
,
,
,
,
,
,
,
,
,
,
,
,
Brodin : soale nang koco BIS iku onok tulisane "Dilarang Mengeluarkan Anggota Badan"
mangkane aku meneng ae nang jero bis!!!!

Norris + Yeyen : Jangkrikkkkk goblokkkk ae gak pinter pinter !!!!
nyohhhhhh gubrakkkkkk
"ndase Brodin diantem Tabung Oksigen"

Tidak ada komentar:

Posting Komentar